Kidung Purwajati

Posted by Aryo Sanjaya, 9 Sep 2005

1.Ana kidung rumeksa ing wengi,teguh ayu luputa ing lara,luputa bilahi kabeh,jin setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunane wong luput, geni anemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah ing kami, guna duduk pan sirna.

2. Sakehin lara pan samja bali, sakehing ama sami miruda, welas asih pandulune, sakehing bradja luput, kadi kapuk tibanireki, sakehing wisa tawa, sato kuda tutut, kayu aeng lemah sangar songing landak, guwaning mong lemah miring, mjang pakiponing merak.

3. Pagupakaning warak sakalir, nadyan artja mjang sagara asat, satemah rahayu kabeh, dadi sarira aju, ingideran mring widhadari, rinekseng malaekat, sakatahing rusuh, pan dan sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

4. Napasingun Nabi Isa luwih, Nabi Yakub pamiyarsaningwang, Yusuf ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, Yang Suleman kasekten mami, Ibrahim nyawaningwang, Idris ing rambutku, Bagendali kulitingwang, Abu Bakar getih, daging Umar singgih, balung Bagenda Usman.

5. Sungsumingsun Fatimah Linuwih, Siti Aminah bajuning angga, Ayub minangka ususe, sakehing wulu tuwuh, ing sarira tunggal lan Nabi, Cahyaku ya Muhammad, panduluku Rasul, pinajungan Adam syara", sampun pepak sakatahing para nabi, dadi sarira tunggal.

6. Wiji sawiji mulane dadi, pan apencar dadiya sining jagad, kasamadan dening Dzate, kang maca kang angrungu, kang anurat ingkang nimpeni, rahayu ingkang badan, kinarya sesembur, winacaknaing toja, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan dadi waras.

7. Lamun arsa tulus nandur pari puwasaa sawengi sadina, iderana gelengane, wacanen kidung iki, sakeh ama tan ana wani, miwah yen ginawa prang wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhira lerep datan ana wani, teguh ayu pajudan.

8. Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat, teguh ayu penemune, lamun ginawa nglurug, mungsuhira datan udani, luput senjata uwa, iku pamrihipun, sabarang pakaryanira, pan rineksa dening Yang Kang Maha Suci, sakarsane tineken.

9. Lamun ana wong kabanda kaki, lan kadenda kang kabotan utang, poma kidung iku bae, wacakna tengah dalu, ping salawe den banget mamrih, luwaring kang kabanda, kang dinenda wurung, dedosane ingapura, wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi, kang dadi waras.

10. Sing sapa reke arsa nglakoni, amutiha amawa, patang puluh dina wae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukur ing ati, Insya Allah tineken, sakarsanireku, njawabi nak - rakyatira, saking sawab ing ilmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga. Kuwasaning Artadaya

11. Sapa kang wruh Artadaya iki, pan jumeneng sujanma utama, kang wruh namane Artate, masyrik magrib kawengku, sabdaning kang pandita luwih, prapteng sagara wetan angumbara iku, akekasih Sidanglana, Sidajati ingaranan Ki Artati, nyata jati sampurna.

12. Ana kidung reke Ki Artati, sapa wruha reke araning wang, duk ingsun ing ngare, miwah duk aneng gunung, Ki Artati lan Wisamatti, ngalih aran ping tiga, Artadaya tengsun araningsun duk jejaka, mangka aran Ismail Jatimalengis, aneng tengeahing jagad.

13. Sapa kang wruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Artadaya, tunggal pancer lan somahe, sing sapa wruh panu......sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad, ingkang....iku, lamun kinarya ngawula, bratanana pitung dina....gustimu asih marma

14. Kang cinipta katekan Yang Widhhi, kang..... madakan kena, tur rineksa Pangerane, nadyan..... lamun nedya muja samadi, sesandi ing nagara, .....dumadi sarira tunggal, tunggal jati swara, .....aran Sekar jempina

15. Somahira ingaran Panjari, milu urip lawan milu pejah, tan pisah ing saparane, paripurna satuhu, jen nirmala waluya jati, kena ing kene kana, ing wusananipun, ajejuluk Adimulya Cahya ening jumeneng aneng Artati, anom tan keneng tuwa

16. Tigalan kamulanireki, Nilehening arane duk gesang, duk mati Lajangsukmane, lan Suksma ngambareku, ing asmara mor raga jati, durung darbe peparab, duk rarene iku, awajah bisa dedolan, aranana Sang Tyasjati Sang Artati, jeku sang Artadaya

17. Dadi wisa mangka amartani, lamun marta temah amisaya, marma Artadaya rane, duk laga aneng gunung, ngalih aran Asmarajati, wajah tumekeng tuwa, eling ibunipun, linari lunga mangetan, Ki Artati nurut gigiring Marapi, wangsul ngancik Sundara

18. Wiwitane duk anemu candi, gegedongan reke kang winrangkan, sihing Yang kabesmi mangke, tan ana janma kang wruh, yen weruha purwane dadi

21. Sagara gunung myang bumi langit, lawan ingkang amengku buwana, kasor ing Artadajane, sagara sat lan gunung, guntur sirna guwa pesagi, sapa wruh Artadaya, dadya teguh timbul, dadi paliyasing aprang, yen lelungan kang kepapag wedi asih, sato galak suminggah.

22. Jin prayangan pada wedi asih, wedi asih sagunging drubigsa, rineksa siang-dalune, ingkang anempuh lumpuh, tan tumama mring awak mami, kang nedya tan raharja, sadaya linebur, sakehing kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.

23. Gunung guntur penglebur guweki, sagara sat bengawan sjuh sirna, kang wruh Artadaya reke, pan dadi teguh timbul, kang jumeneng manusa jati, ngadeg bumi sampurna, Yang Suksma sih lulut, kang manusa tan asiha, Sang Yang Tunggal parandene wedi asih, Yang Asmara mong raga.

24. Sagara agung amengku bumi, surya lintang mjang wong sabuwana, wedi angidep sakehe, kang kuwasa anebut, dadya paliyasing prang dadi, paser panah sumimpang, tumbak bedil luput, liwat sakatahing braja, yen linakon adoh ing lara bilahi, yen dipun apalena.

25. Siang dalu rineksa Yang Widhhi, sasedyane tinekan Yang Suksma, kinedepan janma akeh, karan wikuning wiku wikan liring puja samadi, tinekan sedyanira, kang mangunah luhung, peparab Yang Tigalana, ingkang simpen kang tuwayuh jroning ati, adoh ingkang bebaya.

26. Sakehing wisa tan ana mandi, sakehing lenga datan tumama, lebur muspa ilang kabeh, duduk tenung pan ayu, taragnyana tan ana mandi, sambang dengan suminggah, samya lebur larut, ingkang sedya ora teka, ingkang teka ora nedya iku singgih lebur sakehing wisa.

27. Yen kinarya atunggu wong sakit, ejin setan datan wani ngambah, rinekseng malaekate, nabi wali angepung, sakeh ama pada sumingkir, ingkang sedya mitenah, miwah gawe dudu, rinu sak maring Pangeran, iblis na’nat sato mara mati, tumpes tapis sadaya.

Filed in

37 Comments

di-translate dunk ke bahasa indonesia ato inggris ato jawa ngoko ato malangan halah ngetik koq niru tekeq... mbulet...

caaaaaaaoow...

Ditranslate bisa, tapi cuma sebatas pengertian. Sedangkan kekuatan kidung ini sendiri tidak muncul dalam translatenya...

O ya, sekedar info, Kidung Purwajati ini ciptaan dari Sunan Kalijaga, yang memiliki power luar biasa.
Kalo diartikan, Purwa itu kulit, sedangkan Jati adalah pohon jati.
Nah, kalo diartikan menjadi tembang Kulit pohon jati, kan gak nyambung... (ada nilai historisnya)

Kalo sempat membuka lembar persembahan di Tugas Akhir-ku, maka background halaman tersebut penuh berisi kidungan ini :)

oalah ndak mudeng aq...:-(

mas isdah ga ngeh juga ga ngeh ama tulisane

hehehe....

tapi tetep ok kok...
keep this...

mas Aryo Sanjaya bisa minta tolong kalau tidak merepotkan saya ingin mengetahui tentang Kidung Rumeksa Ing Wengi
tolong balas ke email saya
matur nuwun sanget nggih mas sak derengipun

Mas Aryo,...Aku seneng sama KRIW. Kalo punya, tolong yang ...... pada bait ke 13 dan 14 itu dilengkapi. Kelihatannya ada bait yang terputus juga. Kalo udah dapet, tolong di send kan ke emailku. hatur nuhun...

Miturut kula, artosipun purwajati punika = "kehidupan/kebenaran azali"

purwa = awal, wiwitan, kuna
jati = gesang, urip, estu, bener

purwarupa = prototipe = model awal
wayang purwa = wayang kuna, wayang awal
purwacaraka = utusan awal
sejatinipun = saestunipun =sebenarnya, sesuai awalnya

nembe niki kula pikantuk tembang purwajati ingkang panjang saking internet, biasanipun namung pada ingkang wiwitan kemawon, matur nuwun sanget Mas Aryo

Aryo: Wheee... ladalah, penjelasane lha kok cespleng tenan ngaten. Jan aku iki wong Jowo sing ora Njawani. Doh.
Matur nuwun nggih.

ini arti dari bait2 awal
ada kidung yang melindungi di malam hari
teguh selamat dan terhindarlah dari sakit
luputlah dari semua bencana
jin setan takkan mau (mendekat)
teluhpun takkan berani (mendekat)
demikian pula perbuatan jahat
guna-guna orang pun akan luput
seperti api tersiram air
maling menjauh tak ada yang mengarah ke kami
guna-guna yang ditanam pun sirna

semua penyakit akan kembali
semua hama akan mereda
belas kasih penglihatannya
semua serangan akan luput
seperti kapuk yang ditimpa batu
semua bisa akan tawar
kuda (liar) akan tunduk
kayu bertuah, tanah angker, liang landak, guanya harimau, tanah miring, dan tempat berkumpulnya merak

serta tempat berkubangnya badak
meskipun gunung dan laut kering
semuanya akan aman
menjadi tubuh yang selamat
dikitari oleh bidadari
(dan) dilindungi oleh malaikat .... dst (kapan-kapan disambung lagi he he he

Aryo: Wah, makasih, akhirnya dapat pencerahan :D
Guru saya yang ngasih ini dulu gak mau mengartikan, meskipun beliau mampu.
Sekarang beliau sudah gak ada. Dan kalo ada yang nerjemahin gini, aku kan jadi tambah yakin dengan kidungnya :D
Makasih lagi.

KIDUNG PANGELING 1997
Nomer : 1
97 surupe suryo
Golek’o damar kang biso madhangno
Supoyo slamet ngadepi beboyo
Ono omah lan ono margo

Ijo kuning iku ono artine
Surupe suryo metu megane
Abange ilang karek petenge
Kating gemebyar Ka’bah bintange

Mulo sedulur sing ati-ati
Wis podho brutal nuruti ati
Imane ilang akeh sing mati
Podho pecah belah rebutan kursi

97 filter pamungkas
Salah lan bener bakale jelas
Bejo sing kuat atine waras
Ora kebimbang gulo lan beras

Ilingo Ka’bah simbule agomo
Tengahe bintang lambang Browijoyo
Bejo banget sopo sing mbelo
Menowo mati mlebu suwargo

Tahun 97 parek adile
Akeh wong wani benere dewe
Awak’e sehat rusak morale
Wis lali sanak lali dulure

Bapak ibu koyok buruhe
Ngendelno awak wis nyambut gawe
Ora eling asal usule
Nggedekno anak banget rekosone

97 jaman edan pungkasan
Atine peteng dalane padhang
Pitutur bener tambah ora doyan
Masjide sepi seneng dolanan

Iku dadi tondo peteng jagate
Donyane akeh bingung atine
Pangkate duwur wedi patine
Sebabe salah awak’e dewe

Gunung prahu menyang Suroboyo
Dadi pertondo akeh beboyo
Akeh sing apes ono ing margo
Sebabe ora nggowo gendero
Halaman : 1
Nomer : 2
Sabotase wis podho nyusul
Mahasiswa mangkrak prestasi nyusul
Niate apik pengin adil lan makmur
Putus asa teko akhire hancur

Mulo sedulur kudu sing ati-ati
Atine tatag jiwane suci
Supoyo toto lakune ati
Karepe tutug mulyo lan mukti

97 gawate zaman
Ora waspodo imane ilang
Ojo sembrono ngadepi zaman
Supoyo slamet tetepe iman

Dadi wong Jowo podho ngertiyo
Ora ninggalno adate kuno
Supoyo bener yen milih konco
Ora kebujuk Cino lan Londo

Bakale tumibo timbul iteme watu
Keleme gabus madhani kayu
Yen wis mengkono mesti muncul ratu
Kembar lakune sing siji palsu

Menowo kliru mesti ciloko
Mulo sedulur kudu waspodho
Supoyo slamet uripe mulyo
Tahun 97 bakal mesti muncul

Lali sanak lan lali dulur
Rebutan bener kepingin unggul
Podho petengen akhire ngawur
Tahun 97 gedhe-gedhene fitnah

Balane akeh tumibo salah
Pitutur bener tambah dibantah
Lamun mengkono rakyate susah
Peraturan ketat jamane bawur

Atine peteng lakune ngawur
Wis podho ajur sing mlaku jujur
Wong salah bungah dadine nganggur
Brutale jaman wis katok genah

Tuwo enom lanang wadon sampek bocah
Wong tuwo loro genah sing salah
Eman nggepuk anak naliko salah


Halaman : 2
Nomer : 3
Iku ngonoginaris zaman
Anane Qur’an mung kanggo darusa
Agomo wahe mung tinggal aran
Dununge Islam mung kanggo suguhan

Bangunan masjid podho jor-joran
Ketok’e apik mung kanggo pameran
Njerone sepi lawang kancingan
Kyaine males kurang bayaran

Iku dadi tondo parek kiamat
Sarune zaman ulama’e rakyat
Wis ora mikir rusak’e umat
Mikir awak’e pokok’e kramat

Akeh wong pinter ninggal waleran
Wis podho muncul kyai dadi dagelan
Iku dadi tondo petenge zaman
Yen ora ngono ora kumanan

Wujude peteng mesti tabrak’an
Rebutan bener dalile Qur’an
Sing siji wani bener bayaran
Sing siji moh kalah demi kebenaran

Mulo ilingo kanti waspodo
Supoyo slamet pengaruh palsune dewo
Akeh wong macak kyai sejatine germo
Ketok’e ngaji tapi dodol agomo

Akeh kyai wis wedi mlarat
Wis ora mikir rusak’e umat
Gelem ngaji mung krono berkat
Lamun mengkono dadi wong murtat

Mulo wong Islam kudu berfikir
Hukum agomo ing zaman akhir
Supoyo kuwat ngadepi wong kafir
Hukum negoro supoyo adil

Sing luwih elek anane kyai
Gelem berjuang mergo esak iki
Podho ngaji ora dilakoni
Omah apik duwe motor ora perduli

Rebutan weteng kanggo idaman
Pangkat lan drajat dadi royok’an
Wong wanito wis dadi pugeran
Iku tondone akhire zaman
Halaman : 3

Nomer : 4
Omah lan pangkat wis dadi agomo
Yen mengkono luwih asore kawulo
Sebabe alloh ora biso ngapuro
Sebab ngenthengno hukum agomo

Ojo sembrono ing tahun 98
Kudu wis ditoto ing 97
Bakale akeh wong podho padu
Lali sanak bopo lan lali guru

Yen pingin slamet sukses kudu bersatu
Sing tunggal agomo lan tunggal guru
Ojo selalu nuruti nafsu
Ngertiyo syetan manggon ing ilmu

Ilmune Alloh wis campur maksiat
Ora kroso ndadekno bejat
Iku tondone iman sekarat
Lamun ora trimo karek nunggu azab

Bendune Alloh mati ilang imane
Amale akeh ora ono iklase
Pokok’e dilem akeh balane
Ora di delok salah benere

Wong bodho kanggo podho ngertiyo
Pinter keblinger wis turut ndeso
Salah bungah teko deso lan kutho
Jujur lan bener dibenci konco

Dadine umat kabeh podho bingung
Tondo pil koplo wis turut kampung
Nglakoni dosa wis podho umum
Ora rumongso bakal kecemplung

Jurang neroko sing paling loro
Dadi wong munafik mungguh agomo
Ora nduwe pilihan mungguh gendero
Kabeh dielok’i mergone konco

Ngapik’i konco lan tonggo iku wajibe
Mungguh agomo ono ndonyane
Nglabuhi konco ojo dipadhakne
Kudu didelok salah benere

Supoyo silah mungguh tatanan
Dadine apik gak ngrusak pernatan
Supoyo pantes dadi wong iman
Ora kebimbang lakune syetan
Halaman : 4

Nomer : 5
Ojo kesusu seneng peh akeh balane
Yen durung genah salah benere
Perkoro salah mesti hancure
Senajan kuwat akeh mungguh balane

Perkoro bener mesti jejege
Sopo sing mbelo luhur drajate
Senajan thithik mesti menange
Payunge Alloh ono nduwure

Mbelani bener ojo wedi mati
Bisane tepak sregepo ngaji
Miliho guru sing jiwane suci
Supoyo ketemu madhangno ati

Sak’iki akeh guru karbitan
Dalile akeh mung liwat Koran
Sing ngaji temen kanggo tanggapan
Tuntunan macet dadi tontonan

Sing ketok banget akhire zaman
Karek sing bejo kuate iman
Ora kebimbang akeh dum-duman
Liwat Al-Qur’an isine syetan

Ketok’e madu isine racun
Lamun kepangan atine bingung
Ora biso bebas ngetrapno hokum
Keno kebujuk tinggalane Fir’aun

Iki si’iran kanggo ngilingno
Tumrap wong lali ninggalno kuno
Supoyo slamet uripe mulyo
Bejo yen mati mlebu suwargo

Ojok sampek katut brutale zaman
Kudu dipikir berdasar iman
Supoyo wujud lakune Islam
Biso menangi adile zaman

Adile zaman parek banget wujude
Rusak’e alam lahir batine
Darat lan laut wis berubah asale
Sebab maksiat akeh dosane

Ngajak apik lan bener malah disalahno
Mungkar gemebyar wis turut ndeso
Ora digubris lamun di elingno
Podho gak trimo nglumpukno bolo
Halaman : 5

Nomer : 6
Balane akeh banget kompake
Wis podho lali asal-usule
Ilmune lali ilang manfaate
Sebabe ngaji wis turut mbale

Ngajine gelem males solate
Ramene omah sepi langgar masjide
Iku ngetrepno mungguh hukume
Nglakoni sunat ninggalno wajibe

Wis dadi umum jarang sing kroso
Ninggalno wajib dadine duso
Masjide sepi demit sing nyobo
Langgare muncul gak nduwe dugo

Gonjang-ganjinge ndunyo banget panase
Akeh kobongan mergo tingkahe
Wong tuwo salah ora dirasakne
Ndadekno apik buntu dalane

Sebab kebone nyusuu gudele
Iki wis ketok banget salahe
Kepingin apik bener endi dalane
Wis dadi umum ndeso kuthone

Byarpete lampu iku nuduhno
Akehe damar gak biso madhangno
Lakune kyai tambah mbingungno
Ora karuan sing di antepno

Yen wis mengkono karek ngenteni
Bendune Alloh Kang Moho suci
Diajak bener tambah ngrasani
Ngedu konco dulur lan kyai

Sing ati-ati muncule Durno
Ono masjid langgar lan pendopo
Awak’e bodo mungguh agomo
Macak wong pinter nuruti konco

Arahe bener salah lakune
Wong sing pinter diajak manut awak’e
Lamun ora gelem ngadoh srawungane
Iku berbahaya mungguh hukume

Dadi wong murtat mesti tumibo
Lakune salah mungguh hukum agomo
Kepingin apik ora gelem nggenahno
Nyono sing salah iku nggedhekno duso
Halaman : 6


Nomer : 7
Lamun mengkono ngesakno banget
Marang wong Islam ngibadahe sregeb
Gugon tuhon kepingin slamet
Ketemu menungso syetan sing raket

Akeh wong adzan ono ing masjid
Senenge main lakune demit
Jarene kapok yen ora duwe duit
Lamun wis penak lali sobo masjid

Subuhe keri ono kebonan
Awak’e kesel mikir tanggungan
Nyawang sing wedok ora duwe perasaan
Lamun dikongkon dadi tukaran


Halaman : 7

Aryo: Wew, banyak banget. Makasih pak Joni.

Kidung Pangeling 1997
Kidung Pangeling 1998
Kidung Pangeling 1999
Kidung Pangeling 2000
Kidung Pangeling 2001 - 2005
1000 Syair Panetep Panoto Gomo
Semua karangan Imam Malik Djoko Sembung dari Padepokan Mayangkoro Desa Losari Pekukuhan Mojosari Mojokerto Jawa Timur.

Kalau ingin tau lebih lengkap isi kidung tersebut silakan datang ke Padepokan Mayangkoro,

Sekedar informasi bahwa di padepokan mayangkoro berdiri sebuah masjid tingkat 2 dan dibawah masjid ada 5 buah langggar bawah tanah.

Terima kasih.


kidung ini, sering dinyanyikan ibukku waktu aku masih kecil dan adikku masih bayi

Aryo:
Wah, ibunya pengertian sekali :)

Wah... bagus banget.. aku copy utk catatanku ya...
Terima kasih.
Ada "audio"nya gak mas? Pengen ngedengerin versi dinyanyikannya... :-)
Terima kasih.

mas kidung purwajati yg no 13,14 titik2nya .Isinya apa ya mas...?

Sungguh salah satu karya yg mengagumkan.tp sayang ada kata yg hilang ato dihilangkan? Salut tuk mas arya

Sungguh salah satu karya yg mengagumkan.tp sayang ada kata yg hilang ato dihilangkan? Salut tuk mas arya

mas mas ini jampi2 bs buat panggil arwah g????wa pgn manggil arwah kurt cobain ne...pengen nyabu bareng

Barangkali ada yg punya versi audio-nya utk Kidung Purwajati-nya.Tolong info ke mail saya.Thx :)

Barangkali ada yg punya versi audio-nya utk Kidung Purwajati-nya.Tolong info ke mail saya.Thx :)

Barangkali ada yg punya versi audio-nya utk Kidung Purwajati-nya.Tolong info ke mail saya.Thx :)

Barangkali ada yg punya versi audio-nya utk Kidung Purwajati-nya.Tolong info ke mail saya.Thx :)

Mas,mudah mudahan Mas Aryo mau kirim ke email saya.maturnuwon sa derenge

Mas,mudah mudahan Mas Aryo mau kirim ke email saya(kidung purwa jati).maturnuwon sa derenge

Katur mas Aryo, suwun sanget ilmu ingkang sampun dipun bagi kalian kula. mugi panjenengan kerso kentun email dumateng kula suwun

Mas ARyo bilang kekuatan kidung ini bukan pada translatenya, lalu bagaimana cara menggunakan/memanfaatkan kekuatan kidung ini Mas?

Matur suwun
tamid

Salam sejati....saya telah mencoba..ternyata benar kekuatannya luar biasa, salah satunya saya mendapatkan pekerjaan dengan jabatan Top Management dan rezeki yg tdk berhenti...Saran untuk sahabat2 : baca kidung dengan lantuman..InsyaAllah berhasil...saya dukung SAHABAT...sukses yach...thanks to Mr Aryo ! =D>

wah..mantap baget tuh..

mas,,
q minta versi audionya,supaya bisa didengarkan...
n minta dikirim ke email saya y..
trus q minta translate nya dalam bahasa indonesia..
thanks b4.....


Apik tenan

KIDUNG HERU COKRO
PANETEP PANOTO GOMO
(1000 SYAIR)

Ingsung miwiti nggawe si'iran
Ora ninggalno asmane Alloh Kang Moho Rohman
Supoyo slamet urip akhire zaman
Dadi syarate kuate iman

Duh sangang sasi aku di emban
Dening ibuku ing madarahan
Naliko iku ibuku nompo
Ing kemlaratan katumpo-tumpo

Mulo sedulur podho ilingo
Jaler lan esteri enom lan tuwo
Perintahe Alloh Kang Moho Kuoso
Pinongko bukti ngabukti wong tuwo

2003 tekane bendu
Akehe kurban atusan ewu
Mulo sedulur ndang podho bersatu
Ojo selalu nuruti nafsu

Hawane panas petenge ati
Entek;e tatanan ing muka bumi
Aturan anyar liwat akehe kursi
Ora ngurus umat mung kanggo pribadi

2003 gawating gawat
Lamun ciloko ndunyo akhirat
Dadine parek tekane dino kiyamat
Elek lan apik dadi maksiyat

Dadi wong syirik ora podho kroso
Wedine Alloh kalah karo tonggo
Yen melanggar hukum ora podho kroso
Mlaku bener sejati sungkan karo menungso

Akeh amale sregeb ibadahe
ora krono Alloh mung nuruti nafsune
Lamun mengkono jelas gagal ganjarane
Wurung suwargo ketemu nerokone

2002 puncak ramene padu
Akehe demo mung nuruti nafs
Ninggalno sabar syukur nekakno bendu
Wujute pecah belah ilange bersatu

Iki si'iran sifate mung ngilingno
Marang menungso sing urip ono alam ndunyo
Ora perduli jaler lan estri enom lan tuwo
Supoyo uripe slamet lan bejo

Bersambung..... sampai 1000 syair

purwo tuh hutan kang..piye wong jawi sanes toh??

nyuwun sewu ms kulo kepengen sanget ngertos artinipun kidung purwojati nek saget jnengan kirim teng email kulo, mtur nwun

piye tho?
purwo iku jeneng alas, tapi artine dudu alas. lek alas iku wono.

purwo artine yo bener iku, 'kang wiwitan'

alas purwo, alas kang wiwitan.

Mau tanya...
Apa seh sesungguhnya arti dari Kinarya itu....
Terima kasih.

Hello's

Menurut mbah sy Kidung rumekso ing wengi hanya 9 pupuh di tambah 1 sbg penutup (lakune) jd 10, setahu sy pupuh 11 dst adalah wejangan / pepeling, wallahu a'lam.

seo for you

makasih kang joni,...
muwantap & pangeling gawe badan shiro kuwabeh ^:)^

Pak aryosanjaya,
Might be your teacher the same one of mine?
Hopefully it was him.. The late of a "Father" of mine..
I do indeed miss him verymuch..

His perfomance has not finished yet..
It stoped in middle of the story.. The 6th chapter I guess..
Then, he was passed away..

May his soul remain in peace.. Amin.

-just me (orang tiada arti)-

purwo iku wiwitan atau pertama kang